Wanita,
Ngemu
teges wani ing tata
Ageng
leladosanipun tumprap kita sadaya
Nanging,
ing jaman ing sampun kawuri
Mliginipun
ing penjajahan bangsa Walandi
Wanita
namung dados kanca wingking
Dhateng
pawonan ugi ngladosi kakungipun
Macak,
masak lan manak
Punika
sadaya sampun cekap .
Dene
priya ingkang dados pangarsa
Derajat
ingkang langkung inggil
Ngindhih
lan ngerampas hak saha kawajibane sang estri
Sarjana
ingkang winasis ngendika
”Wanita
punika minangka saka guruning negari”
Kagungan
samudayanipun tumprap bale wisma, bebrayan saha praja
Wanita
kedah tansah setya tuhu ugi hangajeni kakungipun
Tiyang
kakung minangka nangkodhaning bale wisma
Kedah
tansah hangayomi kaluwarga
Wanita
lan priya
Sinamadan
kang hanjangkepi
Tumpraping
bale wisma
Lan
bangsa sadarum
Bareng-bareng
nyambut karya
Mranatadi
agama miwah negari
Dimen urip raharja ing sambekala
Tidak ada komentar:
Posting Komentar